Daftar Blog Saya

Selasa, 11 Februari 2014


Jajanan asli Banyumas

Kupat kapen empal jasiyem gorengan kipuk nyamleng ranjem walem bintul nuji ewa-ewa . Kuwe mau dudu donga dudu mantra tapi pangucape wong Ajibarang tahun 70 an angger kepengin mangan enak . Cara siki basa kerene kuliner. Esuk-esuk angger wis nyanding kupate mbok Kapen sing mendul-mendul lawuh empale mbok Jasiyem sing bumbune luged ditambah gorengane mbok Kipuk sing kemriyik jan rasane nyamleng apa maning ditambah ranjeme mbok Walem karo bintule mbok Nuji jan kuwe jenenge istimewa.
Jaman semono anane panganan enak ya mung kaya kuwe , nek bocah jaman siki ditawani ranjem utawa bintul wis ora mlirik . Bocah siki malah wis ora kenal panganan asli daerahe dewek . wis ora pada ngerti  sing jenenge blendung, kepok,  cenil, inthil, awug-awug, cingkig, randakirab. ora kenal jajanan lopeng, ondol, dampleng, gembus, cantir, rangin , kamir, clorot, carabikang, untir-untir, golang-galing, selerane wis pindah luar negeri kaya panganan Cina yakue Bakpao, Bakso, Mie Ayam, Siomay, Capcai  utawa panganan Eropa kaya Kentucki, Burger, Donat, Sosis, Nuget. Jajanan asli daerah Banyumas wis ora dikenal neng masyarakat Banyumas apamaning kon dadi klanenan .

Senin, 10 Februari 2014


Yu Bawuk
Yu Bawuk lemu ginak-ginuk wetenge njembeluk githoke punuk . kuwe parabane wong sing ora seneng karo  bakul rames ngarep pasar . Pancen yu Bawuk awake banget  lemune , kulite ireng , rambute warna abu-abu sebab wis campur rambut sing ireng karo sing wis uwanen. Sebab rambute sing abu-abu mulane pada ngundange yu bawuk pada karo dara blewuk. Jenenge asli ora akeh sing ngerti , ngertine jenenge yu Bawuk.Dadi bakul rames neng ngarep pasar , saben esuk dagangane mesti dirubung wong sing pada kepengin sarap.Padahal mung sega liwet sing esih kebul-kebul lawuh empal kanyes dibuntel godong jati, bisa  dadi klangenane wong akeh sebab kejaba rasane nyamleng  regane murah lan gawe wareg tur marem.

Patrape Wong Mertamu

Dina Kemis Pon sore Wahyu nderekna Bapake sowan maring daleme Pak Lurah. Pak Agus Sujono , bapake Wahyu arep nyuwun priksa maring Bapak Lurah babagan Pajak Bumi dan Bangunan sing lumrahe di cekak PBB. Awane pak agus tampa laying tagihan sekang kelurahan . Isine Pak Agus kudu enggal nglunasi PBB  akehe RP 90.000 . Pak Agus njenggirat kaget ditagih semono akehe. Padahal Pak Agus rumangsawis lunas , tur mung Rp  9000.
Tekan ngarepe daleme Pak Lurah , daleme sepi ora ana wong kemliwer.Lawange janjanae manga. Neng njero mburi  keprungu suara bocah wadon cilik lagi ngomong. Tekan ngarep lawang Pak Agus kendel jumeneng , astane ngpurancang , terus karo rada ndingkluk uluk salam
,“ Assalaamu ’alaikuuuum“
Anggone uluk salam swarane mantep , cetha ora keseron  dilagukna dawa ngglalur alus lan ndekung.
“ Assalaamu’alaikuuuum “
Ora let suwe ana bocah wadon metu sekang njero umah nanggapi tamune,” Wa’alaikum salaam “
Atur wangsulane wa’alaikum salam karo ngadeg jejeg , raine sumeh , tangan loro ditangkupna kaya arep nyembah. Pak Agus nyuwun priksa maring bocah wadon mau .
“ Bapak Lurah punapa wonten dalem ? “ Pak agus nyuwun priksa.
“ Wonten saweg siram. Mangga kula aturi lenggah rumiyin, ngentosi sawetawis, mangga mlebet kemawon, mangga Bapak.”
Ngaturi mengkono karo mundur-mundur , mbungkuk-mbungkuk, tangan tengen neng sangarepe dada , drijine nekuk kejaba jempole mungal diobah-obahna  ngaturi lenggah neng kursi sing disediakna kanggo para tamu. Bocah wadon kuwe pancen trampil tindak-tanduke , sumanak tur micara. Genahe bocah kuwe ngerti tatakrama nampani tamu.
Pak agus lenggah neng kursi alon lan kepenak. Kursine diundurna karo dijunjung , ora mung digered bae.Wahyu ya tiru tumindake bapake.Tatakramane tamu kudu lenggah ngadep lawang njero . Dadi angger sing kagungan dalem miyos sekang njero ora diungkuri, nanging adep-adepan.
Ora nganti limang menit Pak Lurah wis ngagem busana, miyos nemoni tamu . Banjur pada salaman . Pak Lurah disiti ngendika , “ Wilujeng rawuh Pak Agus .” Pak agus gupuh mangsuli ,” Pangestonipun Bapak Lurah.”


Wangsulana pitakonan kiye adedasar wacana neng duwur !

1.      Kapan Pak Agus mertamu maring daleme pak Lurah ?
2.      Apa perlune Pak Agus sowan Pak Lurah ?
3.      Kepriwe patrape Pak Agus nalika uluk salam?
4.      Kepriwe patrape  bocah wadon nampani tamu Wahyu karo pak Agus ?
5.      Kepriwe nalika Pak agus lungguh kursi tamu ?
6.      Kepriwe tata kramane tamu angger lungguh ?

Apa tegese tembung  :
a.       Ngapurancang
b.      Busana
c.       Njenggirat
d.      Uluk salam
e.      Kemliwer
f.        gupuh